Soal Ujian Madrasah (UM) Bahasa Jawa MTs

Wenehana tandha ping (X) ing wangsulan a, b, c utawa d kang bener!

1. Paraga minangka wakil saka kaluwarga penganten kakung arane ... penganten.
  • pasrah
  • nampa
  • pasrah tampa
  • nampa pasrah
2. Pranyatan ing ngisor iki kang ora kudu digatekake nalika masrahake penganten ....
  • ngadeg jejeg
  • ulat padhang nengsemake
  • matur prasaja, sacukupe
  • maringi pitutur kang kudu dilakoni
3. "... Wosing atur kula ingkang angka sapisan inggih punika ngaturaken salam taklim saking Bapak H. Samsudin Haidar katur dhumateng Bapak Soejoso Tjokromihardjo sagotrah
Manut pranyatan kasebut, salam taklim katujokake marang ....
  • pranata adicara
  • Bapak Soejoso T.
  • Bapak H. Samsudin Haidar
  • wakiling penganten kakung
4. ". . . Wondene samangke dipunpendhet juwara satunggal ngantos tiga dipuntambah juwara harapan satunggal ngantos tiga. Para juwara kasebat pikantuk piala tetap, piagam kalayan arta pembinaan saking Bupati. Kangge nyengkuyung punika, pramila sedaya siswa kedah sami njagi karesikan, dipuntanemi tetuwuhan ingkang maneka warni saengga ketingal rindhang saha edhum ...."
Manut pethikan paragraf kasebut, wosing gagasan yaiku ....
  • Njaga karesikan lingkungan
  • Para juwara oleh hadiah/bebungah saka Bupati
  • Tetuwuhan sing maneka warna
  • Bapak Bupati seneng marang tetanduran
5. Manut paragraf dhuwur mau, kang kudu njaga karesikan yaiku ....
  • para guru Lan karyawan
  • Bapak Bupati
  • para siswa
  • Aparat lan Bupati
Pranyatan ing ngisor iki nganggo soal No. 6 lan 7
  1. Bapak mundhut roti.
  2. Hasan makani pitik, lbu makani menthok.
  3. Astuti nyirami kembang ing latar
  4. Endang lan ibu padha gegojegan ing kamar ngarep, Antok nonton teve
  5. Akmal dolanan internet ing warnet.
6. Ukara-ukara kasebut kang kalebu ukara lamba yaiku ....
  • 1, 2, 5
  • 3, 4, 5
  • 1, 4, 5
  • 1, 3, 5
7. Ukara-ukara dhuwur mau kang kalebu ukara camboran yaiku ....
  • 1, 3
  • 2, 4
  • 2, 5
  • 4, 5
8.
Tulisan Jawa kasebut yen dilatinake dadi ....
  • Anggone padha sinau katon gayeng banget
  • Anggone padha sinau katon ganep banget
  • Anggone padha sinau katon greget tenan
  • Anggone padha slanu katon gayeng tenan
9.
10. Aksara rekan cacahe ana ....
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
11. Aksara ing ngisor iki kang ora kalebu aksara rekan yaiku ....

12. Firman lan Farah yen ditulis jawa wujude ....

13.
  • Zakat mal
  • Zakat pribadi
  • Zakat Fitrah
  • Zakat badan
Pethikan ngisor iki nganggo soal No. 14 - 15
". . Bapak lbu salza karyawan ingkang dhahat sinudarsana.. Kados kita mangertosi sedaya, bilih kelas sanga sampun nglampahi, ujian nasional. Sasampunipun nglampahi ujian nasional, kelas sanga inggih sakedhap malih nampi tuwin ngentosi pengumuman mugi-mugi kemawon samangke menawi penguruman sedaya caged lulus utawi tarnat. Makaten pangangkah utawi harapan kula sakanca ....”

14. Manut pethikan pidhato ing dhuwur, yen kelas sanga ... ujian nasional.
  • durung
  • wis
  • arep/meh
  • durung tau
15. Pethikan pidhato kasebut kalebu perangan ....
  • purwaka
  • isi/surasa
  • panutup
  • titi mangsa
16. "Wusana cekap samanten atur kula, wonten kiranging trapsila, kula nyuwun agunging pangapunten ingkang kathah." Ing peranganing pidhato diarani ....
  • satata basa
  • purwaka basa
  • isi/ surasa
  • panutup
Pethikan ngisor iki nganggo No. 17 - 18
“.... Kados kawuningan bilih anggenipun sunatan mawi tanggapan ringgit purwa, amargi ringgit utawi wayang punika kajawi dados tontonan ugi dados tuntunan. Kangge tuntunan mengku teges kangge tuntunaning tiyang agesang. Ringgit boten namung kangge ngremenaken manah kemawon, nanging saged kangge sarana komuunikasi, paring seserepan saha piwucalan. Ringgit malah saged ugi kangge srana ngabekti ki dhalang dhateng masarakat bebrayan. Malah rikala jaman Sunan Kalijaga, ringgit kenging kangge srana nyebaraken agami Islam ....”

17. Wayang kejaba dadi tontonan, uga bisa dadi ....
  • hiburan
  • tuntunan
  • nyebarake agama
  • kasenengan
18. Nalika jaman Sunan Kalijaga, wayang digunakake kanggo ....
  • nyeagama Islam
  • sarana kamunikasi masyarakat
  • ngabekti ki dhalang marang masyarakat
  • piwulangan masyarakat
19. Saben tiyang kedah rumaos "handarbeni" ringgit punika. Tembung handarbeni mengku teges ....
  • nyanggupi
  • melu nduweni
  • melu ngrumati
  • melu nonton
20. Bapak Handoko sekaliyan ngawontenaken upacara ruwatan putranipun putri ingkang sinebat ontang-anting. Tembung kang dicetak kandel mengku teges ....
  • anak lanang mung siji
  • bocah kembar lanang
  • bocah kembar wadon
  • anak wadon mung siji
21. Adicara ruwatan diwiwiti kanthi ... putra marang wong tuwane.
  • adus kramas
  • ngethok rambut
  • sungkeman
  • donga
22. Lakon wayang ing ngisor iki kang ora cocog karo adicara ruwatan yaiku ....
  • Kunjarakarna
  • Sudarungu
  • Sudamala
  • Murwakala
23. "... Para rawuh ingkang kinurmatan, kados ingkang sampun dipunaturaken dening Bapak Hendra Wicaksana minangka sulih salira saking panjenenganipun Bapak Raharja Basuki, salam taklimipun sampun kula tampi. Kosok wangsulipun, salam taklim saking panjenenganipun Bapak Adi Hermawan mugi kaaturaken dhumateng panjenenganipun Bapak Raharja Basuki ...."
Pethikan pidhato/tanggap wacana kasebut cocog kanggo adicara ... penganten.
  • nampa
  • pasrah
  • ular-ular/tanggap sabda
  • donga
24. Adhedhasar pethikan pidhato kasebut, wong tuwane penganten putri asmane ....
  • Bapak Adi Hermawan
  • Bapak Raharja Basuki
  • Bapak Hendra Wicaksana
  • Adi Guna Basuki
25. " ... Kula pitados bilih pemilihan pengurus OSIS punika adhedhasar kekeluargaan kados sampun kula aturaken ing nginggil. Mugi-mugi cara punika saged lestari kangge pemilihan salajengipun ...."
Pethikan tanggap wacana kasebut cocog ing adicara ....
  • rapat pengurus OSISrapat pemilihan pengurus OSIS
  • rapat pembubaran pengurus OSIS
  • rapat pelantikan pengurus OSIS
26. Bab-bab kang ora kudu digatekake nalika nulls naskah pidhato yaiku ....
  • tata tulis pidhato
  • rakitaning tembung, ukara
  • kanggo adicara apa
  • bayarane pira

"... Punika ingkang pas utawi jumbuh kangge anggambaraken R.A. kartini. Pramila ing tanggal 21 April punika kita pengeti minangka dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini ...."
27. Pethikan ukara kasebut, pas kanggo adicara pengetan dina ....
  • Kartini
  • Pendidikan Nasional
  • Kemerdekaan RI
  • Sumpah Pemuda
28. Sing nduren sajuring yaiku ....
  • bathuke
  • tangane
  • sikile
  • pipine
29. Lambeyane lengkeh-lengkeh kaya ....
  • macan manak
  • macan luwe
  • macan dibalang watu
  • macan turu
30. ". . . Adicara ritual adat, sumebar saindhenging nuswantara, mligine ing Tanah Jawa. Ing Semarang umpamane wong-wong padha buwak sesaji ing laut mligine ing Tanjung Mas, pantai Marina, Lan panggonan liyane. Ing Demak, penere ing Desa Moro, Kecamatan Bonang, kawentar karo upacara Rayahan Ancak. Kajaba iku, ing Desa Bungo, Kecamatan Wedung, Demak uga ana adicara kaya ing dhuwur kang diarani Labuhan. Ing Ngayogyakarta dipusatake ing Pesisir Parang Tritis Lan isih akeh liyane."

Manut wacan dhuwur, upacara adat tradhisi Rayahan Ancak kedadeyan ing pantai/gisik ....
  • Marina
  • Tanjung Mas
  • Moro, Demak
  • Parang Tritis
PANDAWA LIMA

Prabu Pandhu Dewanatha duwe putra cacahe lima, mula diarani Pandhawa Lima. Putra pembarep jenenge Raden Puntadewa, sing dadi Ratu ana ing Amarta, satriya jujur lan wicaksana, duwe gaman jenenge layang jamus kalimusada (jimat kalimat syahadat), jimat sing bisa ngalahake mungsuh tanpa ngasorake.

Putra penggulu jenengen Raden Werkudara, satriya ing Jodipati. Dedep piadege gede dhuwur, bagus pinujul apapak, kasektene ngedab-edabi, bebasan tinatah mendat, jinara manter, mrojol ing akarep, yen perang ora tau kalah. Raden Werkudara duwe watak blaka suta, bares kures tegese terus terang yen kanda apa anane, kejaba iku setia ing janji tegese ora tau mblenjani kasaguhan sing wis tau diucapake. Werkudara duwe gaman utawa senjata jenenge Gada Rujak Polo sing digunanake nalika perang Bratayudha mungsuh Prabu Duryudana Ratu sing Adigang Adigung Adiguna. Kejaba iku uga duwe gaman awujud Kuku Pancanaka yen digunaake landepe tikel ping pitune peso cukur tur mawawisa.

Putra kang kaping telu, utawa sing tengah-tengah jenenge Raden arjuna, mula dijuluki panengah Pandhawa. Satria bagus lanangin jagad sakti mandraguna, manggon ana ing kasatrian Madukara. Garwane sing misuwur ana loro yaiku Sumbadra lan Srikandi. Sumbadra peputra Raden Abimanyu satria ing Plangkawati, dene Srikandi ora peputra. Menawa lelana perlu golek kawruh utawa tapabrata Arjuna lan Abimanyu tansah diderekake punakawan papat yaiku Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Raden Arjuna duwe gaman Panah Pasopati sing digunakake tanding musuh sedulur tunggal biyung Raden Karno. Raden Karno kalah amarga senjatane Kunta Jayandanu wis digunakake kanggo tanding musuh Gatot Kaca. Raden Arjuna uga duwe senjata liyane yaiku Panah Hardadadali, gaman sing bisa milih mungsuh salah apa ora, yen mungsuh ora duwe dosa Hardadadali ora bisa nedhas, nanging yen mungsuh duwe dosa, aja takon maneh mesti tingkas janggane.

Putra sing ragil lahir kembar yaiku Nakula lan Sadewa satria kembar mandraguna nanging tansah manut, mituhu marang sedulur-sedulur tua. Raden Nakula manggon ana ing ksatrian Sawojajar, Raden Sadewa manggon ana ing kasatrian Wukirratawu.

Ana ing perang Bratayudha perang antarane Pandhawa sing cacahe lima mungsuh Kurawa sing cacahe ana satus, sing memang Pandhawa.

Katulis Februari 2012
MGMP Basa Jawa MTs se Kabupaten Tegal

Wacan ing dhuwur iki kanggo soal angka 31 nganti 43.

31. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?
  • Pandawa lima
  • Bratayudha
  • Satukurawa
  • Jimat Kalimusada
32. Sapa bapake Pandawa Lima?
  • Raden puntadewa
  • Prabu Pandu Dewanatha
  • Raden Janaka
  • Semar
33. Sapa jenenge Ratu ing Amarta?
  • Prabu Duryudhana
  • Werkudara
  • Puntadewa
  • Arjuna
34. Putra penggulu Prabu Pandu Dewanatha jenenge ....
  • Raden Arjuna
  • Raden Sadewa
  • Puntadewa
  • Raden Werkudara
35. Apa gaman/senjatabe Ratu ing Amarta?
  • Kuntajayandanu
  • Rujak Polo
  • Pasopati
  • Layang jamus kalimusada
36. Ana ing perang Bratayudha Werkudara tanding karo Prabu Duryudhana kapupuh pupune Prabu Duryudhana dening gada ....
  • Kuntajayandanu
  • Rujak Polo
  • Pasopati
  • Layang jamus kalimusada
37. Nalika tanding musuh Arjuna, Karno kataman panahe Arjuna sing jeneng ....
  • Kuntajayandanu
  • Rujak Polo
  • Pasopati
  • Layang jamus kalimusada
38. Sapa garwane Arjuna sing misuwur nanging ora duwe putra?
  • Sumbadra
  • Abimanyu
  • Srikandi
  • Nakula
39. Sapa putrane Arjuna saka Ibu Sumbadra?
  • Duryudhana
  • Sadewa
  • Nakula
  • Abimanyu
40. Raden Nakula manggon ana ing kasatrian ....
  • Sawojajar
  • Madukara
  • Pasopati
  • Jodipati
41. Prabu Duryudhana ngunduh wohing pakarti kalah tanding mungsuh Werkudara amarga duwe watak adigang adigung adiguna. Paribasan “adigang adigung adiguna” duwe teges ngendelake ....
  • Bandane, Pangkate, Kasektene
  • Dhuwure, gedhene, kekuatane
  • Baguse, kepinterane, ketrampilane
  • Budipeekertine, kawicaksanane, unggah ungguhe
42. Apa pangkate/pegaweane Semar, Petruk, Gerang lan Bagong?
  • Adipati
  • Punakawan
  • Ratu
  • Punggawa
43. Kanggo ngawat-awati lakune Arjuna supaya dadi satria utama kejaba duwe panakawan uga duwe senjata sing ora nedas marang musuh sing ora salah yaiku
  • Kuku panchanaka
  • Gada Lukitasari
  • Kuntajayandanu
  • Panah Hardadadali
44. Tembung pembarep, penggulu, panengah, wauragil kalebu tembung wilangan ....
  • Cacah
  • Durung genah cacahe
  • Undhausuk
  • Sing wis genah cacahe

45. Pandhawa iku ana llima mungsuh Kurawa sing ana satus Pandhawa sing menang. Tembung “lima” lan “satus” ing dhuwur kalebu tembung wilangan ....
  • Cacah
  • Durung genah cacahe
  • Undhausuk
  • Wis genah cacahe
46. Raden Werkudara dedhege gedhe dhuwur lan bagus. Tembung “dhedheg-piadhege” kalebu tembung ....
  • Kosok balen
  • Saroja
  • Dasanama
  • Pada tegese
47. Kasektene Raden Werkudara ngedab-edabi bebasan tinatah mendat, jinara manter, mrojol ing akarep, yen perang ora tau kalah. Tembung “tinatah mendat, jinara manter, mrojol ing akarep” kalebu tembung ....
  • Paribasan
  • Pada tegese
  • Kosok Balen
  • Dasanama
48. Raden Werkudara duwe watak blakasuta, bareskures. Tembung mloka-mlaku, bola-bali, lan rana-rene kalebu tembung ....
  • Dwi Lingga Pada Swara
  • Dwi Lingga Semu
  • Dwi Lingga Salin swara
  • Dwi Pura
49. Raden Werkudara uga lantip nanging ora tau mamerake kapinterane. Tembung “lantip lan pinter” kalebu tembung ....
  • Kosok balen
  • Saroja
  • Sanepa
  • Dasanama
50. Menawa lelana perlu golek kawruh Arjuna lan Abimanyu tansah diderekake punakawan. Tembung “kawruh” nunggal teges karo ....
  • Ilmu
  • Gaman
  • Buku
  • Pawongan
Sri Kuncoro SP Allah Is My Power
Fb | Ig | WA | Youtube

0 Response to "Soal Ujian Madrasah (UM) Bahasa Jawa MTs"

Post a Comment

Jika bermanfaat, silahkan berbagi dan berkomentar dengan baik...

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel